Jumat, 13 Mei 2011

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU



jakarta 8 april 2009
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***
PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang ....

Senin, 07 Maret 2011

belajar bahasa jawa

GAMBUH
Lumrah wong kurang kawruh
Wawasane kathong mlompong suwung
Wewekone tuna dungkap tanpa uwit
Yen tinengkok nuli nesu
Beca-beca santek sengol

Minggu, 06 Maret 2011

belajar bahasa jawa

Indonesiaku

Indonesia wutah getihku
Indonesia ya bangsaku
Indonesia bahasaku

Telung atus seket tahun dijajah Landa
Uripe bangsaku saget ngrekasa
 Kapan bangsaku bisa merdeka
Telu setengah tahun dijajah jepang